Terima Kasih telah membaca Blog ini, semoga bermanfaat bagi anda dan memberikan inspirasi bagi semua.

Senin, 21 Desember 2009

TRESNA KUWI BUTUH KAPERCAYAAN

TRESNA KUWI BUTUH KAPERCAYAAN

Rikala srengenge wus angslup tekan kulon, telpon saka omah kuwi muni. Langsung, tanpa mikir sapa sing nelpon mbah-mbah sing wis katon tuwa kuwi ngangkat telpon sing muni kuwi. Saka telpon kuwi kerungu suara bocah lanang sing wis suwi ora tau ketok. “ nang piye kabarmu?” takone simbah kuwi. “Alhamdulillah sae mbah, panjenengan pripun? “. Bocah lanang kuwi nyuwara lirih, prasasat kaya wong sing lagi kangen. Bocah lanang kuwi jenenge Suparjo, ponakane mbah Sulastri. Dheweke suwe ora bali, amarga nyambut gawe dadi TKI ana Brunei.
“Nang, anakmu wis lair kanthi selamet. Anakmu sing nomer siji saiki wis duwe adhi wedok.” Suwarane mbah Sulastri ngandani kanthi lirih.
Krungu suwara kuwi atine Suparjo kaget. Kaya-kaya kesamber bledhek ing mangsa ketiga.
“ kuwi dudu anakku mbah!!!” kandhane Suparjo kanthi rasa emosi.
“ aku setahun during bali, masa bojoku iso duwe anak! Aku ora percaya yen kuwi anakku mbah!” Suparjo ngamuk karo nggedor meja kang ana ing cedake.
Setaun kapungkur dheweke lunga menyang Brunei kanggo nyambut gawe. Dheweke kapekso nyambut gawe dadi TKI amarga kabutuhan ekonomi kang saya suwe saya akeh kebutuhane. Wektu kuwi, dheweke ninggal bojo lan anake kang umur 5 taun. Anake kuwi jenenge Rino. Bocah kuwi wis sekolah TK ana ing sekolah siji-sijine ing desa kuwi. Sekolah kuwi duwene Ustadz Arifin. Ustadz Arifin kuwi rada breh kanggo ngedekke sekolah ana ing desa kuwi. Ustadz Arifin iki umure 39, tapi dheweke durung karma. Ing sekolahe kuwi Ustadz Arifin duwe para guru kang ngajar ana ing TK lan TPQ kang didegake kuwi. Nanging, guru-guru kuwi akeh sing padha ora betah nyambut gawe ana kono, mungkin amarga gajine kang ora nyukupi kabutuhan, amarga sekolah kuwi dudu sekolah duweke pemerintah.
Sak suwene Suparjo nyambut gawe ana Brunei, Rino di rumat karo Ibune sing jeneng Jumiyatun. Saben dina Rino diterake ibune menyang sekolahan. Dheweke ngenteni nganti anake rampung olehe sekolah. Ing kono dheweke kenal karo Ustadz Arifin. Meh saben dina Jumiyatun kuwi ketemu karo Ustadz Arifin, ing kono Ustadz Arifin sering nyeritakake Rino ing sekolahan. Perkara kuwi dadekake Jumiyati rada enteng anggone ngawasi sekolahe anake. Amarga saben dina dikandhani perkembangane anake anggone sekolah ana kono.
Ora kerasa olehe guneman wis rada suwe, jebul ana suwara cilik sing undang-undang.
“ibu… ibu…” kanthi melayu, Rino ngundanng ibune.
“ salim nak, niki kalih pak Ustadz” Jumiyatun ngongkon anake kanthi nyekel tangan anake.
Banjur Jumiyati pamitan marang Ustadz Arifin. “Mangga pak Ustadz, kula tak wangsul rumiyen”
“mangga ndherekaken” wangsule pak Ustadz.
Ana ing dalan rino ngecopres, apa wae di omongke sak dalan-dalan. Ibune mung mesem, ngeti anake sing lucu kuwi.
“ ibu… aku wau ting kelas diajari nyanyi…!” ujare bocah cilik kang isih kethok polos, kang ana ing gendhongane.
“ nyanyi apa le ? jal nyanyekna” wangsulane Jumiyati kanthi mesem.
“ aku wau diajari nyanyi,,,,, naik-naik ke puncak gunung,,,, tinggi-tinggi sekali,,, kiri kanan ku lihat saja,,, banyak pohn cemara,,,2x” bocah lugu kuwi nyanyi kanthi keplok-keplok.
Sak dalan-dalan bocah lucu kuwi nyanyi lagu sing diwulangake ana sekolahan.
Awan kuwi Jumiyatun arep mampir ana Kantor Pos, sakperlu njupuk duwit kang dikirimake Suparjo saka Brunei. Pancen, saben sesasi sepisan Suparjo sregep ngirimi duwit kanggo kebutuhane bojo lan anake kuwi.
“ibu-ibu... iki arep tindhak pundi” bocah kuwi takon.
“ibu arep nang Kantor Pos sik dhik....” mangsuli kanthi mesem.
“Badhe ngirim surat nggih bu...” pancen bocah cilik kuwi wis diajari ngomong nganggo basa krama, dadi wis kulina ngomong nganggo krama.
“mboten,,,, ibu arep mundhut dhuwit sing dikirimke bapak...” mangsuli kanthi ngambung pipine Rino. Jumiyatun pancen paling sayang marang anak siji-sijine kuwi.
Ing Kantor Pos, Jumiyatun antri kanggo njupuk dhuwit. Esuk kuwi antriane rada dawa, merga iki pancen wayahe wong padha jupuk dhuwit, yen wong ngarani sasi enom. Ing kono uga Rino takon sembarang kalir. Tapi Jumiyatun sabar mangsuli pitakone anake kuwi. Bareng wis setengah jam ngantri, tekan gilirane Jumiyatun kanggo njupuk dhuwit. Sakbare njupuk dhuwit, dheweke menyang pasar kaya pakulinane saben dina.
Suparjo nekat bali, kanggo ngrampungake masalah kang ndadekake prahara ana ing omahe kuwi. Sak dalan-dalan Suparjo ngelamun, kelingan wektu deheweke ijeh nang omah dolanan karo anake siji kuwi. Tapi lamunan kuwi ilang, wektu kelingan perkara sing gawe lara atine kuwi. Dheweke ora nyangka yen Jumiyatun mblejani janji katresnan marang dheweke, sahingga dheweke duwe anak dudu saka dheweke.
Saktekane plabuhan Tanjung Emas, atine sang saya ketar-ketir. Dikuwatake sikile kanggo mlaku marang desa Sukoharja, desa kang ing kono manggon anake sing paling lucu lan bojone. Sakdalan-dalan Suparjo tansah mikir, sapa sing wani nandur wineh ana ing wetenge bojone kuwi sahengga saiki wis laer bayi wedok sing ora dikarepake kuwi. Ing lamunane dheweke kelingan karo Paklike sing jenenge Rokhib. Rokhib kuwi bojone mbah Sulastri, dheweke kuwi nak dulur karo bapake Suparjo. Jaman nom-nomane, Rokhib kuwi kondhang dadi maling, begal, lan seneng wedokan. Saben weruh wdokan ayu, langsung diembat. Ora mikir duwe bojo apa ora, ana bojone diembat. Sapa wae sing wani ngalangi langsung dipateni.
Bareng kelingan perkara kuwi, dheweke kuwatir. “Apa paklikku iku sing wani tumindak kaya ngono marang bojoku, saengga bojoku nglaerake”. Tembung iku kang kaucap ana atine.
Lamunane ilang wektu kernet bis narik ongkos umbal.
“ mudhun endi mas?”
“mudhun desa tawang”
Pancen, umbalan kuwi ora bisa lewat desane, merga trayeke namung tekan tawang.
Saktekane desa Tawang, dheweke medhun. Banjur dheweke numpak ojek tumuju marang desane. Saktekane desa kelairane kuwi, dheweke ora langsung njujug omahe. Tapi dheweke mampir ana omahe mbah Sulastri. Dheweke isih mangkel marang Jumiyatun merga perkara kuwi.
Saktekane plataran omahe mbah Sumiyati dheweke weruh mbah Sulastri lagi ana sumur ngarep omah. Banjur dheweke nemoni.
“ Assalamualaikum....... mbah.....!!!” saute Suparjo saka plataran omah.
“ Waalaikum salam.... e... kuwe le... kapan teka?” pitakone mbah Sulastri marang Suparjo.
“nembe mawon mbah!!”
“kene mlebu....”
Suparjo lan mbah Sumiyatun mlebu ngomah lan padha jagongan.
“ kuwe wis saka omah le....?” pitakone mbah Sulastri sinambi ngetokke wedang.
“ dereng mbah.... kula tesih mangkel.... lara ati kula mbah!”
“aja ngono, kuwi kan ijeh bojomu... ijeh dadi kewajibanmu le...!” kandhane mbah Sulastri.
“ nggih mbah, tapi piyambake mpun ngapusi aku. Mpun ndamel lara atiku mbah...”
“kabeh kuwi rak ya kena di rembug ta le.... supayane bisa rampung”
Suparno lamun meneng, bareng dikandhani mbah Sulastri kaya ngono.
Ing tengahe jagongan, ana suwara wong kang nothok lawang omah. Bareng mlebu jebul kuwi Jumiyatun karo Rino lan bayi wadon sing digendhong. Kanthi prembeh-prembeh, Jumiyatun mlebu omah lan nemoni Suparjo.
“mas, sepurane sing akeh.... aku ora bisa njaga kapercayan sing mbok wenehke marang aku.” Omonge Jumiyatun marang Suparjo kanthi nangis-nangis. Suparjo mung meneng kanthi mlengosake raine saka Jumiyatun. Banjur mbah Sulastri nengahi.
“le.... dang dirembug perkara kuwi, ben dang rampung” wangsulane mbah Sulastri.
“Aku ora sudi weruh rupamu meneh, minggat kana saka ngarepku” tembung kuwi sing bisa metu saka cangkeme Suparjo.
Jumiyatun tetep ngrengek jaluk ngapura marang Suparjo, tapi suparjo ngumbar wae.
“Minggat kana.......” pangucape Suparjo kanthi emosi.
“le..... adhepi kanthi sabar.... aja mbok ngarepke emosimu!” mbah Sulastri coba ngerem emosine Suparjo.
Hawa ing omah kuwi saya panas, awit Jumiyatun lan anake nangis. Dene Suparjo tetep ora ngerewes anane Jumiyatun lan anake kuwi.
“ya wis.... njalukmu apa saiki?” pitakone Suparjo marang Jumiyati.
“aku njaluk ngapura mas.....! aku ngaku iku pancen salahe aku, sing ora bisa njaga diri”
“emoh.... aku wis ora percaya karo awakmu, saiki kwe tak pegat wae” swarane saya banter anggone ngomong.
Ing kono Suparjo kebak emosi, lan dheweke arep megat bojone. Sak liyane kuwi, bojone kudu lunga saka omah sing dibangun nganggo dhuwite kuwi. Nek bisa arep diambrukake.
“le..... kuwe ora mesake anakmu kuwi.....? “ mbah Sulastri nyoba menehi solusi. Yen dheweke megat lan ngambrukake omah sing di enggoni Jumiyatun kuwi, arep manggon endi mengko Rino.
“ aku ora perduli.... kowe tak pegat lan kudu lunga saka omahku iku.”
Ing atine, Suparjo melas ngeti anak lanange kuwi. Ewasemono Suparjo yo isih tresna marang Jumiyatun, nanging kang dadi pepalang kuwi anane bayi wadon kang dianggep bayi kharam kuwi manggon ana omah kuwi.
“le... dirembug sing apik, supayane ora ngrugekna anakmu lanang kuwi!” mbah Sulastri nyoba nengahi.
Krungu dawuhe mbah Sulastri kuwi, Suparjo meneng wae. Banjur dheweke menehi pilihan marang bojone kuwi. Dheweke menehi pilihan pegatan utawa mbalik maneh. Tapi ana syarate, yaiku bayi wedok kuwi dibuang marang panti asuhan. Sebab Suparjo ora sudi manggon sak omah karo bayi kang ora kasil saka awake kuwi. Ing kono Jumiyatun ora omong apa-apa, isine mung nagis.
Sak suwene eneng-enengan, Jumiyatun ngomong yen dheweke pengin balek marang Suparjo. Tapi dheweke njaluk supaya bayi kuwi ora dibuang.
“Ora bisa..... bayi kuwi kudu di buang” suwarane banter olehe ngomong.
Omongan kuwi nggawe suasana panas. Kabeh kang ana kono padha meneng, ora ana kang bisa diomongake. Namung suwara tangisane Jumiyatun lan Rino sing krungu. Mbah Suyatmi uga ora bisa omong apa-apa maneh, mung meneng masrahake masalah kuwi karo bocah loro kuwi. Ing kono Suparjo ngeti anake lanang sing jeneng Rino, ing atine ana rasa trenyuh ngeti anake sing nangis kuwi. Nanging kuwi mau ora ndadekke ilange rasa lara ning atine Suparjo.
Saksuwene eneng-enengan, Suparjo rada melas ngeti bojo lan anake kuwi. Banjur dheweke menehi solusi.
“ wis ngene wae, aku ngapura sliramu. Merga aku isih tresna marang sliramu” ukara kuwi kang metu saka pangucape Suparjo. Dheweke jan-jane isih tresna marang bojone kuwi, nanging dheweke tetep kelingan marang anane bayi wadon kang dadi lara atine kuwi. Naming kuwi bisa den erem dening Suparjo. Banjur Suparjo nerima Jumiyati balek marang dheweke lan bayi wadon kuwi dadi bageyan ing uripe.
Sakwuse perkoro kuwi rampung. Jumiyatun wadul marang Suparjo yen sing wani nandur wineh kuwi jebul Ustadz Arifin. Wektu kuwi uga, Suparjo marani Ustad bejat kuwi marang omahe. Saktibane ing omah kuwi, Suparjo gedor-gedor lawang omah Ustad mau.
“Heh,,,Ustad bangsat....metu kene....” Omonge Suparjo banter banget nganti para warga metu saka omahe dhewe-dhewe. Banjur wis ngono Ustad mau metu.
“A**, Ustad kaya apa kowe iku.... B*ji**an, para warga kabeh ing kene iki lho sing metengi bojoku... Ustad kaya ngene perlu diwenehi pelajaran... Ayo para warga arak Ustad iki keliling kampung ben supaya ngerti kabeh yen iki Ustad bangsat...” Omonge Suparjo lantang banget.
“Ayo....!!!!!!!” Semangate para warga yen ana kejadian sing ala.
Banjur wis rampung arak-arakane iku, Parjo lan para warga ngusir Ustad kuwi lan bakar Omah, TK, lan apa wae sing duwene Ustad mau.



-------=====+++++ RAMPUNG +++++=====-------