Terima Kasih telah membaca Blog ini, semoga bermanfaat bagi anda dan memberikan inspirasi bagi semua.

Minggu, 27 Juni 2010

Untukmu Ibu

Untukmu Ibu

Sepasang mata indah itu,
hanya milikmu.
Senyum yang indah itu,
hanya milikmu.
Langkah kaki yang anggun itu,
hanya milikmu.
Dan sampai engkau tertidur lelap selamanya,
Engkau dapat melalui lembah sungai Nil yang bertaburkan emas,
penuh gemerlap berlian, menuju keabadian,
hanya milikmu.

Ibu, aku bersujud kepadamu.
Aku menangis meronta didalam pelukanmu.
Ibu, kau ajarkan aku bagaimana dapat mencapai sesuatu.
Kau ajarkan kebijaksanaan, Kau ajarkan segalanya.
Ibu, aku merasa terkoyak saat kau sedih.

Ibuku,putramu kini telah tumbuh dewasa.
telah belajar dari berbagai hal.
Dari yang baik dan yang buruk,
tapi putramu ini masih membutuhkan bimbingan.
Masih memerlukan dirimu seperti bayi yang menyusu pada Ibunya.

Pada Hari ini, tepat detik ini, aku bersimpuh kepadamu.
Aku menumpahkan isi perasaanku ini.
Ibu, terimalah persembahan yang tak berharga dari putramu ini.
dan ini semua tak ada bandingannya daripada jerit payahmu selama ini,
IBU............

Reza Febrian Prasetyo
(*2009-malam hari Ibu)

Malam Ku

Malam Ku

Malam indah setelah dewa air menyelesaikan tugasnya.
Tawa riang sang bintang mulai terdengar.
Alunan dawai para dewa telah didendangkan keseluruh penjuru negeri.
Apakah kau mendengarnya kekasihku?
Semua yang tersirat pada Alam itu adalah kata hatiku.

Oh, Dewi cinta...
hembuskan nafasmu dihatinya.
cairkan ego dinadinya.
berikan pikiranmu kepadanya.
karena pikiranmu telah bersumber dari pikiranku.
Luluhkan hatinya, karena hatinya sangat bersih dari noda-noda kehidupan ini.

Reza Febrian Prasetyo

Kamis, 24 Juni 2010

SLIRANE SING URIP

SLIRANE SING URIP

Aku kandha marang kancaku
“delenga, slirane nyekel tangane! Wingi slirane nyekel tanganku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal nyekel tanganku.”

Lan aku kandha :
“delenga, slirane linggih jejer marang lanangan liya. Lan wingi slirane linggih jejer marang aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal linggih sesandhingan marang aku.”

Lan aku kandha :
“delenga, slirane ngombe saka ombenane lanangan kuwi. Lan wingi slirane ngombe saka gelasku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal ngombe saka gelasku.”

Lan aku kandha :
“delenga, kepriye slirane ndeleng lanangan kuwi kebak tresna! Lan karo tresna wingi slirane ndeleng aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal mandheng aku kebak tresna.”

Lan aku kandha :
“rungoake bisikan tresnane marang lanangan kuwi. Lan wingi slirane mbisikake tresnane kuwi marang aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal mbisikake tresnane marang aku.”

Lan aku kandha :
“dheleng, slirane ngrangkul lanangan kuwi, lan wingi slirane ngrangkul aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal ana marang rangkulanku.”

Lan aku kandha :
“keganjilan apa kang ana ing slirane!!”
Lan dheweke kandha :
“slirane urip.”

REZA FEBRIAN PRASETYO
Adpt.(KG)1883-1931

Panyuwun

Panyuwun

Rikala lintang Ginebyar
Ati iki tansah nyuwun
Mbuh jumbuh kalian apa
Nanging Panyuwunku siji
Siji lamuning ati.
Siji pangareping ati
Siji katresnan ati.
Rikala baka,
Ati tansah nyawang
Sesawanganku kabur dumugi lintang.
Senajan iki panyuwunku
Tapi ati iki tambah bingung
Bingung apa kang bakal kawujud.



Reza Febrian Prasetyo

Lintang

Lintang

Sumunar cahyamu.
Gawe tentreme atiku.
Sumunar cahyamu
Gawe urip iki san saya luwih urip.
Sumunar cahyamu
Gawe sira dadi lelakone wengi iki.

Tresna

Tresna

Mbuh kuwi apa.
Tresna….
Sapa wae mangerti.
Nanging,
Tresna yen diundur ngelantur.
Nadyan wus sepata.
Tersna luntur ngoncati, tiwas andedawa lara.

Kandha-kandha

Kandha-kandha

Kandhaku….kandhane….kandhamu…
Kandhane…kandhaku…kandhamu…
Kandhamu…kandhane…kandhaku…
Jane apa ta sing dikandhake? Jane apa ta sing diomongke?

SULING

SULING

Weneh ana aku suling lan nyanyia.
Lalekna kabeh obat lan laramu.
Manungsa kaya dene larik-larik puisi kang katulis,
Dening kali-kali cilik kang ngambar segara.

WINGI BENGI

WINGI BENGI

Sak kiwa tengene dalan kang sepi iki
Wong-wong kang sibuk karo awake dhewe-dhewe
Sepasang mata kang endah kuwi lagi mandheng lintang ing mega
Tangane lagi nutup parase sing endah
Namung esmane kang ngomong marang aku
Wengi iki tansah adem banget

Hawa kang saya adem banget iki.
Tanpa perduli gawe slirane katon pucet.
Slirane kaya-kaya kepingin golek barang kang bisa ngangetake awake.
Tanpa pikir dhawa aku nyedak marang slirane lan ngomong.
Apa kang bisa sira rewangi?
Slirane amung mandeng awakku.
Ing pikire kandha, aku lagi butuh wong kang bisa gawe aku seneng.
Kanthi aku mbesuk nini-nini.

Ora krasa wektu wis nunjuk tabuh 8.
Ing ngarep plataran omah kang gesang.
Aku lan slirane lungguh jejer.
Slirane crita-crita marang aku.

Reza Febrian Prasetyo