SLIRANE SING URIP
Aku kandha marang kancaku
“delenga, slirane nyekel tangane! Wingi slirane nyekel tanganku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal nyekel tanganku.”
Lan aku kandha :
“delenga, slirane linggih jejer marang lanangan liya. Lan wingi slirane linggih jejer marang aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal linggih sesandhingan marang aku.”
Lan aku kandha :
“delenga, slirane ngombe saka ombenane lanangan kuwi. Lan wingi slirane ngombe saka gelasku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal ngombe saka gelasku.”
Lan aku kandha :
“delenga, kepriye slirane ndeleng lanangan kuwi kebak tresna! Lan karo tresna wingi slirane ndeleng aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal mandheng aku kebak tresna.”
Lan aku kandha :
“rungoake bisikan tresnane marang lanangan kuwi. Lan wingi slirane mbisikake tresnane kuwi marang aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal mbisikake tresnane marang aku.”
Lan aku kandha :
“dheleng, slirane ngrangkul lanangan kuwi, lan wingi slirane ngrangkul aku.”
Lan dheweke kandha :
“mbesuk, slirane bakal ana marang rangkulanku.”
Lan aku kandha :
“keganjilan apa kang ana ing slirane!!”
Lan dheweke kandha :
“slirane urip.”
REZA FEBRIAN PRASETYO
Adpt.(KG)1883-1931
Tidak ada komentar:
Posting Komentar